Kacarita tlatah Jawa iku wis dikuasai dening Kerajaan Galuh kang dipimpin Prabu Sindulaya Sang Hyang Prabu Watu Gunung. Pusat pemerintahane ana ing Jawa Barat amarga dianggep nduweni peran penting marang raja-raja ing tlatah liya Jawa. Prabu Watu Gunung pancen berhasil ndadekake Galuh dadi misuwur lan wargane bisa urip makmur.

Prabu Watu Gunung duwe anak papat. Anak kaping pisan yaiku wadon jenenge Dyah Ayu Dewi dadi ratu ing Nusatembini. Anak kaping pindho jenenge Pangeran Adipati Dewata Cengkar. Anak kaping telu yaiku Dewata Pemunah Sakti kang dadi Adipati ing Madura. Anak kang ragil jenenge Pangeran Adipati Dewata Agung dadi Adipati ing Pulo Bali.

Para warga ora seneng marang tumindake Pangeran Adipati Dewata Cengkar kang ala amarga Prabu Adipati Dewata Cengkar seneng nyiksa rakyat cilik lan seneng mangan dhaging manungsa. Amarga keweden, para warga padha lunga saka tlatah kono.

Weruh kahanan Galuh sing kaya mangkono, Prabu Watu Gunung murka, banjur ngutus Patih supaya ngundang Pangeran Adipati Dewata Cengkar. Satekane ing Kerajaan Pangeran Adipati Dewata Cengkar mung meneng. Amarga jengkel marang tumindake anake sing kaya mangkono, Prabu Watu Gunung banjur misuh-misuh.

“Dewata Cengkar! Karepmu ki kepriye? Apa awakmu saiki wis edan? Tumindakmu kaya kewan, ngisin-ngisinake wong tuwa. Awakmu ora pantes dadi anakku. Yen ora bisa ngubah tumindakmu, luwih becik awakmu lunga saka kene!”

Krungu kaya mangkono, atine Pangeran Adipati Dewata Cengkar dadi lara. Amarga ora bisa nahan emosine, Pangeran Adipati Dewata Cengkar lunga saka Kerajaan tanpa pamit marang ramane.

Sawise kadadean kuwi, Pangeran Adipati Dewata Cengkar kasil ngumpulake prajurit sing isih setia marang dheweke banjur diajak lunga menyang tlatah wetan tekan ing pegunungan Kendeng sing strategis cedhak karo Teluk Lusi.

Ing tlatah kono, Pangeran Adipati Dewata Cengkar mbangun kerajaan lan ngangkat awake dhewe dadi raja kang nduweni gelar Prabu Dewata Cengkar. Aryo Tengger diangkat dadi Patih lan Rudo Pekso diangkat dadi Tumenggung. Karajaan iku diwenehi jeneng Medang Kamolan.

Nalika kuwi Prabu Dewata Cengkar uga kasil ndadekake Medang Kamolan dadi misuwur lan rakyate bisa urip makmur. Amarga kadadean iku, Prabu Dewata Cengkar bisa nglalekake dhendham marang ramane. Nanging, amarga oleh rayuan saka Patih Aryo Tengger lan Tumenggung Rudo Pekso, dhendham iku muncul maneh.

Sahingga Sang Prabu ngutus prajurite kanggo nyerang lan ngrusak Kerajaan Galuh kang dipimpin dening dheweke. Amarga ora ana persiapan, prajurit Kerajaan Galuh akeh sing padha mati. Weruh kahanan sing kaya mangkono, Prabu Watu Gunung murka banjur Sang Prabu mudhun ing medhan perang ngadhepi anake mau.

“Dewata Cengkar! Apa kaya ngene caramu mbales budi marang wong tuwamu? Besok sing nduweni Galuh ya awakmu, nanging ora ngene carane.”
“Aku wis ora butuh pidhatomu maneh. Ayo saiki lawan aku!”

“Sabar dhisik, tumindakmu kuwi ora direstui dening Sing Maha Agung. Besok awakmu bakal kuwalat.”
Durung nganti bubar anggone ngendikan, Prabu Dewata Cengkar ngguyu kecakakan.
“Hua…..ha…..ha…..! Ora usah kakehan ngomong, cepet wenehake Galuh marang aku!”
“Iya, nanging ora saiki.”

Krungu ngendikane Prabu Watu Gunung, Dewata Cengkar banjur ngangkat gada lan ngunusake ing awake Prabu Watu Gunung. Sanalika krungu swara banter sing ngetokake kebul lan cahya kang sumunar.

Sawetara swara lan cahya mau banjur ilang semono uga rakyat lan kerajaane. Tlatah iku maleh dadi alas lan saka njero alas iku keprungu swara sepatan Sang Prabu marang Dewata Cengkar.

“Dewata Cengkar! Kabeh mau wis kebanjur. Tumindakmu sing kaya kewan, ing tembe buri bakal dadi kasunyatan.”

Nalika krungu swara mau, Prabu Dewata Cengkar gela mateni ramane, wedi yen dadi kasunyatan. Nanging Patih Aryo Tengger lan Tumenggung Rudo Pekso bisa nguwasani atine Sang Prabu. Sang Prabu banjur seneng amarga oleh bombongan saka para warga.

Pawarta iku langsung sumebar marang rakyat Medang Kamolan, banjur dianakake syukuran kanggo nyambut tekane Prabu Dewata Cengkar. Nanging ing dina iku, dadi dina sing naas kanggo wong wadon sing masak ing kerajaan.

Amarga njenthike sing keiris nganti tugel iku katut kemasak nalika ditinggal nggolek obat. Syukuran iku kalaksanan kanthi lancar. Sabubare kuwi, Prabu Dewata Cengkar ngendika marang Patih Aryo Tengger.

“Tih…! Patih…! Coba awakmu mrene sedhela!”
“Wonten punapa, Prabu?”
Aku arep takon marang awakmu, dhaging apa sing paling kosenengi?”
“Dhaging sapi, Prabu.”

“Goblog, dhaging sing paling enak kuwi sabenere dhaging manungsa. Biyen nalika isih ing Kerajaan Galuh aku kerep mangan dhaging manungsa. Wiwit manggon ing kene, aku ora tau mangan maneh. Aku meh wae nglalekake rasane kepriye, saupama mau ora mangan.”

“Punapa wau wonten masakan dhaging manungsa?”
“Ana, nanging ora sengaja ing masakan mau katutan dhaging manungsa.”
Weruh kaya mangkono Patih keweden yen juru masak kerajaan oleh ukuman saka Sang Prabu. Nanging anehe Sang Prabu malah seneng banjur ngutus Patih supaya nggolek dhaging manungsa.

“Wiwit sesuk awakmu kudu nggolek korban manungsa sing dhaginge dimasak kanggo aku!”

Patih Aryo Tengger banjur nggawe dhaftar sapa wae sing bakal dadi korbane Sang Prabu. Selot suwe akeh warga sing dadi korban. Tumindak sing ala iku akhire konangan dening para warga Medang Kamolan. Wiwit iku para warga padha lunga saka tlatah kono.

Senadyan Ki Granteng weruh yen anake bakal dadi inceran Sang Prabu, nanging keluargane tetep manggon ana kono.

Wiwit jeneng Kerajaan Medang Kamolan misuwur nganti tlatah liya, akeh wong padha ngumbara menyang kerajaan iku, antarane: Ajisaka, Dora lan Sembada. Niate Ajisaka ngumbara yaiku kepengin nyebarake agama lan nggolek pengalaman.

Kapal sing ditumpangi iku labuh ing Nusa Majedi, sing saiki dadi Bawean. Ing tlatah kono Ajisaka oleh kateragan babagan Kerajaan Medang Kamolan. Nalika arep budhal, Ajisaka meling marang Sembada supaya dheweke tetep ing Nusa Majedi njaga barang-barang bekal lan kerise Ajisaka. Amarga Ajisaka lan Dora bakal lunga menyang Medang Kamolan. Sapa wae sing njaluk keris kuwi aja diwenehi saliyane Ajisaka.

Let sedhela kapal sing ditumpangi mau oling nganti tengah samodra banjur keseret nganti pinggir pantai Nusa Jawa. Ajisaka lan Dora banjur mlaku menyang Medang Kamolan. Ing dalan Ajisaka kepethuk karo rakyat Medang Kamolan sing padha ngungsi, banjur dheweke takon marang salah sijine ana apa kok padha ngungsi.

Nanging ora ana wangsulan sakecapa. Amarga iku Ajisaka sansaya dadi penasaran pengin ngerti kahanan Kerajaan Medang Kamolan kok bisa ndadekake warga padha ngungsi.

Ora dinyono, Ajisaka lan Dora kasil tekan wates Medang Kamolan kanthi selamet. Pangumbaraan iku tetep diterusake nganti tekan sawijining desa. Ing desa iku namung ana saomah kang isine Ki Granteng sakeluarga. Banjur Ajisaka ngutus Dora nathak lawang omahe Ki Granteng. Nanging Ki Granteng curiga dikirane Ajisaka lan Dora utusane Prabu Dewata Cengkar.

“Panjenengan sinten?”
“Kula Dora, Pak. Menika Tuan Ajisaka.”
“Panjenengan utusan saking Medang Kamolan?”
“Boten, Pak kula tiyang asing ingkang nembe sepindhah dhateng wonten mriki.”

“Menawi mekaten, mangga mlebet.”
Ajisaka lan Dora banjur mlebu omah.
“Pak, saderengipun kula nyuwun pangapunten menawi kula ngganggu bapak sakeluarga.”

“Boten, Nak. Kula sampun biasa, saben wonten tamu kita tetep ngormati senadyan namung sawontene. Nak Ajisaka kaliyan Nak Dora saking pundi?”
“Kula saking tlatah sebrang, Pak tebih saking mriki. Menawi nitih prau ngantos wulanan.”

“Tindak mriki ajeng lahnapa?”
“Pados pengalaman, Pak.”
“Ingkang dipadosi pengalaman menapa?”
“Niku, Pak… Negeri Medang Kamolan menawi wonten desa kula misuwur sanget, amargi sitinipun subur lan para warganipun makmur.”

“Ah… ngapusi!!! Wonten mriki leres menawi sitinipun subur, ananging warganipun urip sengsara. Saniki para warga sami ajrih marang tumindakipun Prabu Dewata Cengkar.”
“Tumindak ingkang kados pundi, Pak?”

“Boten pantes kula cariyosaken dhateng Panjenengan. Prabu Dewata Cengkar menika remen dhahar dhaging manungsa. Kula piyambak ugi bingung amargi lare kula “Roro Cangkek sampun didhaftar dados korban. Wah…ngantos kesupen, mangga dipununjuk.”
“Matur suwun”.

Sawise ngunjuk, Ajisaka banjur matur yen arep nunut ing kiwan.
“Pak, kula ajeng nunut wonten ing kiwan saged napa boten?”
“O… nggih, mangga.”

Ajisaka banjur menyang ing mburi, nanging dheweke kaget ngrasa kaya ngimpi nalika tepung perawan ayu ing desa cilik kaya ngene. Ora liya perawan mau jenenge Roro Cangkek. Ajisaka lan Roro Cangkek padha sawang-sinawang, nanging Roro Cangkek isin amarga dheweke mung kembenan.

Ajisaka banjur mlebu kiwan, banyu sing mili saka got kiwan mau banjur diombe jago duweke Roro Cangkek. Sanalika jago iku petok-petok kaya pitik babon sing arep ngendog. Iku nggawe kagete Roro Cangkek, banjur jago mau dilebokake kandhang.

Dumadakan ing pekarangan Ki Granteng ana Patih Aryo Tengger lan Tumenggung Rudo Pekso sing kepengin nyekel Roro Cangkek kanggo didadekake santapan Sang Prabu.

Roro Cangkek banjur njaluk tulung marang wong tuwane, nanging ora ana wangsulan amarga wong tuwane semaput sabubare dipenthung sirahe, semono uga Dora sing dibanda ing pojok omah mung bisa meneng. Nalika Roro Cangkek wis digawa metu, Ajisaka nyegah punggawa Medang Kamolan.

“Tuan-tuan…!!! Endhegake dhisik tumindakmu. Mesakake dheweke kuwi dudu kewan, nanging manungsa, apa maneh iku wong wadon.”
“Menenga!!! Iki dudu urusanmu, dudu urusane wong asing kaya awakmu. Yen awakmu nekad bakal dakpateni. Cepet lunga!!!”

“Aku ngerti iki dudu urusanku, nanging…!”
“Nanging apa, ayo cepet ngomong!!!”
“Ngene, aku sabenere ora kepengin ngganggu, nanging aku mung kepengin ngrewangi, kuwi wae yen Panjenengan gelem dakrewangi.”
“Ngrewangi kepriye? Cepet ngomong!!!”

“Prawan sing Panjenengan asta kuwi duwe lara sing bisa nular. Sapa wae sing cedhak dheweke bakal ketularan.”
Amarga weruh rai polose Ajisaka, punggawa kerajaan mau banjur percaya. Sanalika Roro Cangkek banjur dicolake.

“Tuan-tuan ora usah curiga marang aku! Amarga kesetiaanku marang Panjenengan mula katerangan mau dakomongake. Nanging ora usah kuatir, aku bakal nggantekake prawan mau dadi korbane Sang Prabu.”
Patih Aryo Tengger wis ora sabar ngrungokake omongane Ajisaka, banjur ngutus anak buahe.

“Tumenggung, cepet prawan kuwi colake banjur Ajisaka gawa ngadhep Sang Prabu kanggo gantine!”

Ngerti kadadean kuwi, sanalika Roro Cangkek nguculi tali saka tangane langsung mlayu ngoyak Ajisaka. Roro Cangkek nyekeli tangane Ajisaka banjur ngaturake matur suwun. Ajisaka banjur digawa ngadhep marang Sang Prabu. Sang Prabu nesu amarga utusane ora kasil nggawa Roro Cangkek.

Nanging banjur dadi seneng nalika weruh ana sawijine nonoman sing digawa ngadhep.
“He bocah! Dadi Kowe sing diundang Ajisaka dening para warga?”
“Nggih, Prabu. Kula ingkang naminipun Ajisaka saking tlatah sebrang.”
“Apa tujuanmu ing negara iki? Arep dadi-mata-mata?”

“Boten, Prabu. Kula kaliyan rencang kula namung kepengin ngumbara kaliyan pados pengalaman.”
“Kowe ngerti digawa mrene kanggo apa?”
“Boten, Prabu. Kula namung ndherek Patih Aryo Tengger kaliyan

Tumenggung Ruda Pekso. Kula siap diajak wonten pundi kemawon dening ingkang mbetahaken. Langkung-langkung kula remen sanget amargi saged kepung kaliyan Panjenengan wonten mriki.”
“Apa sing kokorbanake kanggo negeri iki?”

“Kula boten gadhah emas inten utawi bandha awis sanesipun. Kula namung gadhah jiwa raga, Paduka.”
“Apa kowe lila yen jiwamu dakpateni lan ragamu dakiris-iris kanggo santapanku?”

“Kula lila menawi takdiripun mekaten.”
“Apa kowe wis edan?”
“Boten, Prabu. Kula boten edan. Niki bukti kesetiaanku marang negara Medang Kamolan.”
“Hua…ha…ha…!!! Matur nuwun, Ajisaka, banjur apa sing kojaluk?”

“Kula namung nyuwun sapetak siti ingkang wonten ing alun-alun Medang Kamolan saamba surban ingkang kula agem.”
“Apik…apik! Apa sing kojaluk bakal dakwenehi.”
“Sanesipun, ingkang ngukur menika kula kaliyan Panjenengan kanthi diseksekake dening para warga.”

“Ya… bisa… bisa. Banjur kapan arep dilaksanakake? Saiki bisa apa ora? Masalahe aku wis ngelih banget.”
“Saged. Saniki saged ngumumaken marang para warga supados nyeksekake anggenipun ngukur.”

“Patih, utus anak buahmu supaya ngumumake marang para warga lan awakmu ngiring aku lan Ajisaka menyang tengah alun-alun.”
Sawise tekan tengah alun-alun, Patih Aryo Tengger lan Tumenggung Rudo Pekso menehi ngerti lemah ing alun-alun marang Sang Prabu, banjur Sang Prabu miwiti.

“Ajisaka! Lemah endi sing kojaluk? Cepet jereng surbanmu!
Kain surban Ajisaka diuculi banjur dilempit dawa kaya gulungan. Prabu Dewata Cengkar nyekel kain bagian kidul lan Ajisaka nyekel kain bagian lor. Patih Aryo Tengger lan Tumenggung Rudo Pekso dadi seksi lan sing menehi aba-aba, uga ngumumake marang para warga yen anggone ngukur lemah diwiwiti.

Anehe surban sing dijereng mau ora entek-entek nganti nutupi atusan hektar lemah. Patih Aryo Tengger nyoba murungake upaya Sang Prabu, nanging ora ana gunane. Nganti Sang Prabu ana ing pucuk jurang, Ajisaka ora gelem murungake panjaluke.

“Ajisaka! Aku ngaku kalah lan bakal menehake kekuasaan lan kerajaanku marang kowe asalkan aku tetep bisa urip.”
Sing mangsuli ora Ajisaka, nanging para warga.
“Tuan Ajisaka! Ampun mirengaken ngendikane Sang Prabu, wis akeh warga sing dadi korban amarga tumindake.”

Krungu swara para warga, Ajisaka sansaya kepengin mateni Sang Prabu. Kanthi ndonga marang Sing Maha Kuwasa, pucuk surban sing dicekel banjur dikibatake. Surban bagian kidul nyabet awake Sang Prabu nganti mencelat adoh tekan tengah samodra banjur ilang keseret ombak. Saka tengah samodra iku banjur muncul baya putih sing cangkeme mangap lan bisa omongan kaya manungsa.

“He Ajisaka! Rungokake aku! Saiki aku ngaku kalah, nanging aku bakal balas dhendham marang anak putumu sing ora ngati-ati ing tengah samodra iki bakal dadi mangsaku.”

Sawise kadadean kuwi, Ajisaka diangkat dening rakyat kono dadi raja Medang Kamolan kang nduweni gelar Prabu Ajisaka. Prabu Ajisaka banjur diarak dening rakyate menyang kerajaan. Dene sing keri ing pinggir samodra nyekel Patih Aryo Tengger lan Tumenggung Rudo Pekso guna dibuak ing tengah samodra, dikumpulake dadi siji karo Prabu Dewata Cengkar.

Saiki Kerajaan Medang Kamolan iku dadi jeneng Desa Medang Kamolan ing Kecamatan Gabus, Kabupaten Grobogan.

Sumber: Sastra Jawa

About these ads